Selasa, 20 November 2012

Kisah Si Srintil Yang Menggemaskan

Sore iku Srunthul lagi numpak motor nggoleki omahe srinthil, kenalan anyar oleh seko pesbuk..

Rumongso kesasar, Srunthul langsung mbukak pesbuk... trus inbox-an neng Akun fb ne srinthil..

Srunthul "halo ayang thil..aku wes tekan daerahmu ki.. Trus mlebu gang sing endi ki?"

Srinthil : "pean weruh warung cilik pinggir dalan gede ra?"

Srunthul : "iyo thil..kuwi omahmu?"

Srinthil : "uduk mas..jejere ono gang rodo gede..pean mlebu lewat kono yo.."

Srunthul : "oke..lha iki aku wes mlebu gang trus nangdi?"

Srinthil : "pean lurus kiro-kiro 25 meter ono omah gedong tingkat apik,wernane biru,mobile akeh....."

Srunthul : "siap..aku wes tkan kono ki.. omahmu iki po thil?"

Srinthil : "Uduk mas..pean menggok nengen kiro-kiro 10 meter ono lapangan badminton... Lha sebelahe lapangan kuwi ........"

Srunthul : "omahmu thil?"

Srinthil : "uduk mas..jejer lapangan ki pos rondo..pean menggok kiri wae mengko kan weruh omah ono tulisane MENERIMA JAHITAN kuwi......."

Srunthul : "omahmu thil?"

Srinthil : "Kuwi omahe tukang jahit mas..xixixi.. Lurus wae mengko bar jembatan ketemu omah ono tulisane ISI ULANG PULSA lha kuwi....."

Srunthul : "mesti kuwi omahmu khan?"

Srinthil : "kuwi jenenge konter mas..xixixi..pean menggok nengen wae trus ketemu kuburan..lha ngarepane kuburan kuwi......"

Srunthul (mulai nesu) : "omahmu thil?"

Srinthil : "kuwi gerbang kuburan mas..pean ojo mlebu..pean menggok kiri wae mengko weruh peternakan pitik gede kuwi....,"

Srunthul (nesu tenan) : "aaaarggh!..kuwi omahmu?"

Srinthil : "aku uduk pitik mas.. Kuwi isih lurus terus..mengko ketemu ALAS.. kuwi...... "

Srunthul(muntab): "KUWI OMAHMU THIL??"

Srinthil : "Aku uduk munyuk mas.,pean lewat alas lurus terus mengko ketemu masjid..lha jejere masjid kuwi....."

Srunthul(emosi pol) : "NEK PISAN IKI NGOMONG UDUK OMAHMU..TAK SANTET TENAN KOWE THIL!!"

Srinthil : "xixixi..dadi wong kok nesuan.. Iyo kuwi omahku..wes ketemu rung mas? "

Srunthul(lego): "iyo.. aku wes neng ngarep omahmu ki..asem yo ayang thil,..nggawe kesel awakku..Awas bariki ketemu tak jiwiti..hehehe"

Srinthil : "yo wes,.mlebu wae.. Ono simbok kok.."

Srunthul : "lho kok malah simbokmu sing kon nemoni? Lha kowe nangdi thil...?"

Srinthil : "aku.......wes suwi neng HONGKONG dadi tkw mas....xixixi "
---------------------------------------
Sumber : Kongkow Bareng Gusdur_

Tidak ada komentar:

Posting Komentar